Kamis, 21 Juli 2016
Sawise kenalan
Ari enyong tah uwong desa, ora ngerti apa apa, mukur bisane melu tok.
Ana uwong mene ya melu mene, ana uwong mana ya melu mana,sing penting bener,slamet trus ora 'mbahayani karo awake dewek.
Bisane enyong kaya kwe pikirane? soale uwong tuane enyong yen ngomong atawa nasehati kwe pasti ngomong kwe.
Saiki enyong wis gede, urip dewek, tanggung jawab dewek.....
Wis mana ya....bokat rika pan dolan dolan maning...suwun ya..rika wis dolan mene, apik kwe, bisa silaturrahim, kena kanggo 'ndawakna umur,akeh lan barokah rejekine...Amiin YA ALLAH.
Ngomong-ngomong sing mau...rika sih wis ngerti durung daerahe enyong kwe Brebes ?
Rika uwong endi sih? sebenere sih ora usah ngahi ngerti bee ora papa...ora penting sampeyan uwong endi mbuh endi...sing penting batiran, kancanan....kwe luwih apik...daripada musuhan...tukaran...kwe kaya uripe kewan...senenge gelut,ribut....ora mikir bakale uwong urip kwe mati kabeh...ora nana jagoan...wis ora jaman...jagoan ning dunya...tapi mati manjing neraka...percuma..mending..urip dame..tentrem...kancanan..batiran...urip bersosial, ujare uwong pinter kwe...
Ora usah mikir mendi mendi...sing penting IBADAH karo ALLAH...IKHTIAR...BERDO'A...eben bahagia uripe dunya lan akherat.
wis ya...makasih..suwun..sampeyan wis dolan mene !! salam kanggo keluarga lan kanca kanca kabeh ya..
Langganan:
Postingan (Atom)